Rabu, 25 Februari 2009

KIDUNG JAWA

ASMARADANA

Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yo iku bagian ipun
Wong urip sabar narimo



Poma wekas mami
Anak putu aja lena
Aja ketungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
Siang dalu dipun emut
Wong urip manggih antaka

Ora gampang wong ngaurip
Yen tan weruh urip ira
Pada lan kebo uripe
Anggur kebo dagingira
Halal lamun pinangan
Pan manungsa dagingipun
Yen pinangan mesti haram

Tidak ada komentar:

Posting Komentar